TEKS EKSPOSISI KESENIAN KARAWITAN
Karawitan
yaiku kesenian sing asale saka Jawa. Alat pengiringe jenenge gamelan. Gamelan. Music Indonesia laras non diatonik (ing laras slendro lan
pelog) sing penggunaane wis nggunakake sistem seratan, timbre, irama, fungsi,
situs pathet, lan aturan kang digunakake ing ing wangun instrumental, vokalis
lan nyampur, apik kanggo krungu kanggo awake dhewe lan kanggo liyane
(Suhastjarja, 1984).
Karawitan
asale saka basa Jawa rawit tegese rumit, angel diucapken, nanging rawit uga
tegese Gamelan, ayu-ayu. Nalika Sang ngrawit tegese karya seni sing nduweni
sifat sing alus, ruwet, lan ayu.
Kesenian
zaman saiki angel digoleti amarga kesenian karawitan wis diganti karo kesenian
modern. Among, teng daerah sing isih manut adat istiada zaman biyen yo mesti
isih ana kesenian karawitan, tuladhane daerah Solo lan Yogyakarta sing teksih
ngagem adat jawa zaman biyen. Teng solo nek wonten upacara adat lan upacara
wulan sura biasane wonten acara karawitan tuladhane wayang lan kethoprak wong.
Gamelan iku salah sijiné seni
musik
tetabuhan tradhisional
aseli saka Indonésia utamané ing pulo
Jawa,
Madura,
Bali
lan Lombok.
Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa
yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat
piranti musik sing dienggo ngiringi tembang,
utawa ditabuh tanpa tembang
minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo
ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti
Amérika,
Éropah
lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga
ana ing Filipina,
Malaysia.
Tembung
Jawa Karawitan utamane dipigunakake
kanggo nyebut musik gamelan,
nondiatonis muni musik Indonesia
bersistem (ing laras slendro lan pelog) nggunakake sistem seratan, timbre,
irama, fungsi, pathet lan aturan garap ketok ing gending kinerja , dadi ing wangun
instrumental gandum, Vokal lan campuran
apik krungu. ngandhut nilai-nilai sajarah lan filsafat kanggo Indonesia, uga
aksesoris liyane
Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural,
mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java,
Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya
komparasikomparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis
kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.
Gamelan Jawa yaiku musik kang
cinipta saka paduan swara gong, kenong, lan alat musik Jawa liyané. Irama musik kang alus
nggambaraké kaselarasan urip wong Jawa kang nggawé tenang jiwa nalika
dirungokaké. Gamelan Jawa ngrembaka ing Yogyakarta. Gamelan Jawa beda karo Gamelan Bali lan Gamelan
Sunda. Gamelan Jawa duwéni nada kang luwih alus lan slow, beda karo
gamelan Bali kang rancak lan gamelan
Sunda kang
didominasi swara suling. Gamelan-gamelan iki béda amarga Jawa duweni pandangan urip dhéwé kang
beda karo Sunda utawa Bali, déné pandangan urip iki digambaraké sajroné irama musik gamelan Jawa.
Pandangan urip Jawa kang digambaraké
sajroné musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani,
kaselarasan sajroné omongan lan tumindak saéngga mujudaké toléransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong, srin, kendang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama.
Gamelan biyasané dianggo ngiringi
pagelaran wayang lan tari-tarian. Saliyané musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhén
kang nembangaké lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.
Saperangkat gamelan diisi karo akéh
alat musik. Alat musik iki yaiku alat usik kaya drum kang dirani kendang, rebab lan celempung, gambang, gong lan suling pring. Komponèn utama kang nyusun alat-alat musik gamelan yaiku pring, logam, lan kayu.Saben alat musik duweni fungsi
dhewe-dhewe ing pagelaran musik. Kayata gong kang nduwéni peran kanggo nutup
irama musik kang dawa lan ménéhi kaseimbangan sawisé musik diiringi irama gendhing.
LARAS
Piranti
sing digunakake ing seni musik gamelan ana 2 yaiku Laras slendro lan pelog.
Slendro lan pelog iku salah siji saka rong unsur utama sing dadi ciri musik.
- Gamelan Laras Sléndro
Sléndra (ing Sundha disebut salendro) iku salah
sijiné titilaras ing gamelan. Saliyane sléndra, ana uga titilaras pélog. Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndra béda karo
titilaras pélog. Ing slendra ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras
slendra duwe 5 nada ing saben gembyang utawa oktaf, yaiku 1 2 3 5 6
utawa C- D E+ G A siji lan sijiné nduwe beda interval swara sing cilik.
Durung ana ahli kang bisa mesthekake
kapan slendra wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn ‘’sléndra’’ ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing
golèk sesambungané sléndra karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
Gamelan laras pelog beda karo gamelan laras slendra. Laras pélog ana angka 4
(papat) karo 7
(pitu). Dadi titi laras ing laras pélog duwé 7 nada pepaka ya iku 1 2 3 4 5 6
7.
Pélog iku salah sijiné titilaras ing gamelan. Saliyane Pelog, ana uga Slendra. Pelog béda karo Slendra , ing Pelog ana angka 4 (papat)
karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6 7.
Durung ana ahli kang bisa mesthekake
kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah
Jawa. Para empu Karawitan uga ora ana
sing ngerti babagan iki. Nanging sing jelas, laras Pelog kuwi kalebu ing larang
anyar ing donya karawitan ing Jawa. Amarga, asline laras Gamelan ing Jawa kuwi biyèn mung slendra.
2. Eksposisi Proses
Gamelan digunakake biasane kanggo apengiring acara adat
lan kanggo hiburan masyarakat tuladha sintren, wonten acara wayang biasane
wonten gamelan lan pemaine serta wonten sing nembang. Nek kanggo upacara
biasane nek wonten acara hajatan kanggo pengiringan penganten, upacara grebeg
puasa lan mulud, lan digunakake kangge macem-macem upacara adat sing wonten
teng Jawa.
A. Alat-alat
gamelan lan proses migunakake.
1.
Kethuk
Kethuk iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku
diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kempyang. Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang.
2.
Kempyang
Kempyang iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Kempyang iku diso'ake ing enggon sing
fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kethuk. Kempyang iki wujude meh padha karo
kethuk.
3.
Kenong
Kenong iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake
ing enggon sing fungsine kay a ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing
paling gedhe.
Ing kelompok perangkat gamelan
tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik
karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing rada unik.
4.
Kempul
Kempul iku salah sijine perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka
larasé (pelog lan slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras
sléndro lan pelog nduwéni 6 utawa 10 kempul.
Bentuké kaya gong nanging ukuran
luwih cilik, rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum
kira-kira 45 cm.
Kempul ngeto'ake swara sing luwih
dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane luwih cilik swarane luwih dhuwur
maneh.
5.
Gong
Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé.
Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum
digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk. Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong. Gong Gedhé
kang cacahé loro lan siji gong suwukan.
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter, lan
permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.
Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé
lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing
bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh
ing selang wektu tinentu.
Prangkat musik tradhisional iki saiki nduwé fungsi liya yaiki
kanggo tandha paresmian utawa pambukaan acara.
6.
Kecer
Kecèr iku salahsiji piranti gamelan Jawa sing digawe saka tosan. Akeh piranti musik sing nduwe
kemiripan karo kecèr uga ing piranti musik modern. Ing musik modern piranti iki biasa diarani
cymbals. Ing kesenian Tionghoa, piranti iki dadi piranti utama kanggo nggawe suasana rame
lan meriah.
Carane ngeto'ake swara kecèr iki ana
sing diadu uga ana sing ditabuh.
Kecèr iku kudu sepasang, siji ing
ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor biasane wis disoake permanen,
dadi sing diayun iku sing ing ndhuwur.
Sepasang kecèr iku diso'ake ing grobogan utawa rancak sing wujude meh pada karo grobogan saron ning luwih cilik sithik.
Keto'e iki piranti gamelan sing
paling brisik ning yen ora ana swara kecèr malah dadi kurang rame utamane ing
babak-babak lakon wayang tinentu.
Gamelan biasa digunakake kanggo
ngiringi pertunjukan utawa upacara adat. Sing nabuh jenenge wiyaga lan sing
nembang jenenge sinden. Lagu sing biasa diiringi ngagem gamelan iku lagu
macapat, lagu keroncong, lan lagu campursarinan.
Perkembangan gamelan saka
tahun-ketahun mengalami kemunduran amarga generasi zaman saiki mboten kepengin
nerusaken budayane dheweke. Among ya mesti ana sing nerusake tuladhane wonten
dalang cilik. Lan ngrubgokna kabar sing isih anget wonten sinden saka luar
negeri.
Sumber
:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar